Monday, September 20, 2010

antik

Telor semar di bagi yang berhttp://lh4.ggpht.com/_bRZV7y6E0gk/TJVvLE6qRdI/AAAAAAAABrs/kuHF3PG1cHo/s128/CIMG0004.JPGminat bias hubungi saya barang hanya satu

Saturday, September 4, 2010

SAMPAK GUSURAN DUKA CINTA INDONESIA

PERJUANGAN DAN DOA

http://www.youtube.com/watch?v=6WY6U6IEpik

esuk-esuk

esuk-esuk tuku lengo nyangking botol (konco) konco lawas dijak dolan menyang kali (pelem) pelem iku kecute nguliwih jeruk (tumo) tumo iku manggone ono ing rambut (jempol) jempol sikil otal atil arep mritil (idu) idu kuwi nggo dolanan ora apik (tempolong) tempolong yen digerek mbesetke kulit (silet) silet iku dijupuk ojo dicawuk (bawang) bawang bal balan jarik'e arep nritil (pentung) pentung wesi nggo nggepuk sing do korupsi (monggo).

Friday, September 3, 2010

Tembang-Tembang Dolanan

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok
Petok gogok petok petok
Ngendok pitu tak kremake netes telu
Kabeh trondol ndol_tanpo wulu
Kabeh trondol ndol_gawe guyu

PELEM-PELEM MENTAH
Pelem-pelem mentah
Entek entek no entek entek no
Sisane sang gatut koco
Gatutkoco edan gatotkoco edan
Omahe plek emplekan
Kidul kidul kono kidul kidul kono
Ono lintang galo galo
Dak sumpingi opo dak sumpingi opo
Dak sumpingi godhong telo
Ela elo eno
PAMAN TUKANG KAYU

Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko graji kayu
Srok drung drung srok pung
Srok drung drung srok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko natah kayu
Tek dung dung tek pung
Tek dung dung tek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko masah kayu
Srek dung dung srek pung
Srek dung dung srek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko maku kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung

Paman tukang kayu
Pripun solandhiko ngethok kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko nggorok kayu
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
PADHANG REMBULAN

Ayo ayo do dolanan ing plataran
Padang rembulan padange koyo rino
Padang gumilang sing dolan ora ono
Bocah dolan bocah dolan do reneo
Ayo poro konco ayo podo suko-suko
Dolanan jogetan tetembangan ing plataran

KUPU KUWI
Kupu kuwi tak incupe
Munglakumu ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Sopo biso ngincupake
Mentas menclok clegrok
Banjur mabur bleber
KROTO-KROTO
Kroto-kroto pentile mlinjo
Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali
Parenda parendi parenda parendi
Abang koyo dubang putih koyo utih
Manuk glatik kelire alus dadane
Sentak sentik ambegane
Sentak sentik ambegane
KIDANG TALUN
Kidang talun mangan kacang talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus siji duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah belang seko tanah sebrang
Si gajah kecemplung blumbang
KEMBANG JAGUNG
Kembang jagung omah kampung pinggir lurung
Jejer telu sing tengah bakal omah ku
…… munggah guwo mudun ……
Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo
Maju kowe tatu mundur kowe ajur
Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu
Iki lho dodo satriyo
Iki lho dodo janoko
JAGO KATE
Jago kate tetete kukuruyuk_kok
……..
Dibalang watu uncag-uncug_keok
Keno telihe doh layune_jrantal
Mari umuk mari ngece
Si kate katone nyekungkung
Butho-butho galak
Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak
Ngadek sigrak-sigrak
Nyandak punco nuli tanjak
Bali ngadek maneh rupane ting celoneh
Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh
Lawong kowe sing marah-marahi
Lawong kowe we we  we sing marah-marahi
Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi
Ayo konco podo bali
Galo kae galo kae
Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok …
Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok …
Yo kulite ambengkerok

Esuk esuk
Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu
Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu
**        Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu
Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu
Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah
**        Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah
Sore –sore sianu ono ing sabak_bapak
Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak
**        Sore –sore sianu ono ing sabak_bapak
Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak